ditulis oleh Ibu Ramadania, S.Pd
Guru Bahasa Jawa SMA 1 Kendal
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Dinten samenika nwun inggih dinten ingkang ngemu wigatos tumraping putra2 panjenengan sadaya, nwun inggih, angkatan kaping 53. Putra-putri ingkang mlebet pawiyatan ing th 2015, titi wanci menika, 2017 sampun purna anggenipun necep ilmu ing SMAN 1 Kendal.
3 th dangunipun putra-putri panjenengan sadaya ngasah lantiping nalar tuwin tajeming raos tinuntun ing dwija ingkang mumpuni. Pindha satriya Pandhawa tangguh tanggon sawega ngrabasa Kurusetra, tan ngraos gigrig hangajengi pepalang, awit sampun pikantuk sangu kalantipan, katrampilan, tuwin kapribaden ing sanginggiling sesaminipun.
Para rawuh ingkang minulya,
Menika ta blegering wadana Indonesia ing tembe, putra-putri bpk/ibu ingkang sawega gati mbangun Indonesia. Putra-putri panjenengan sumringah handhadhagi tembe wingking. Ingkang kakung bagus pasuryanipun gagah prakosa kados Raden Harjuna, wadana sumunar lir bagaskara, esem lir bayu kuwawi ngosak-asik menapa kemawon, jangjahipun teteg tanggon lir satriya Jodhipati, lantip lir Prabu Kresna. Ingkang pawestri ayu lir widadari kayangan, wadana sumunar kadya wulan purnamasidi, esem ngujiwat kadya esemipun Dewi Supraba, lampahipun hamilangoni kadya Dewi Banowati, wibawanipun teteg kadya Dewi Srikandhi. Sadaya sami lumampah ring-iringan sajajar saiyeg saeka kapti mring majenging bangsa Indonesia. Sadaya sami mad-sinamadan murih majenging bangsa. Tan wonten panganggep bilih wanita sawingkingipun kakung.

Dewi Supraba
Para putra menika begja dene saged necep ilmu ing Padhepokan lan Kasatriyan SMAN 1Kendal. Pawiyatan punika kasatriyan ingjang tanggon. Sampun pinitados ing bebrayan agung Kendal ingkang hanggadhahi standar nasional. Pawiyatan punika sinengkuyung ing dwija profesional, sarananing pasinaon jangkep, cak-cakaning kurikulum trep leres, kwalitas pasinaonipun pinuji. Saha pawiyatan punika sampun mbuktekaken saged ndamel pribadi-pribadi ingkang unggul, karana putra putri ingkang sampun lulus sami piguna tumprap bebrayan agung, saha kacekapan ing reh kabetahan agesang.
Para rawuh ingkang minulya,
Dinten punika dinten ingkang ngremenaken, tumrapipun ingkang sami kawisuda, langkung-langkung ingkang lulus kanthi biji ingkang sae ing pawiyatan punika, ingkang pikantuk hak nglajengaken sinau ing Pawiyatan Inggil ( Perguruan Tinggi ) paling sae sak Indonesia ingkang saged ngoregaken ndonya kanthi sakathahing kalangkungan/prestasi, yektosipun saged ngremenaken manah tiyang sepuh rama/ibu, tuwin dwija dwijanipun miwah almamateripun, mboten katalumpen nyuwun pangestu mugi mugi putra putri ingkang kawisuda saget nggayuh gegayuhan luhur kanthi gampil lan lancar. Paribasanipun saged ngambah dirgantara sumusuping angkasa, kadi dene garudha jatayu.
ANAK-ANAKKU MABURA SAK DUWUR-DUWURE, PANGESTUKU MBANYU MILI. RAHAYU.

Postingan ini dilengkapi fasilitas pengaturan jenis dan ukuran font. Pilih dan atur sesuai selera agar nyaman di mata. Terima Kasih. |
Tidak ada komentar :
Posting Komentar